jinis-jinising layang
JINIS-JINISING
LAYANG
Layang minangka salah sawijining sarana komunikasi kang
saiki isih akeh dienggo. Kuwi jalaran ragad kang dienggo ngirimake luwih murah
tinimbang sarana komunikasi liyane.
A.
Layang Ulem
1. Layang Ulem yaiku layang kang ngaturi
rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem nikahan, sepitan,
utawa syukuran.
2. Bab kang perlu digatekake nalika
gawe layang ulem yaiku:
a. Apa acarane/ duwe gawe apa
b. Ing ngendi papane
c. Sapa asmane kang diaturi
d. Kapan wektune (dina, tanggal,
lan jam)
e. Sapa asmane sing ngaturi
f. Sapa asmane kang melu ngaturi
3. Perangane layang ulem kayata:
a. Titi mangsa : nelakake wektu
pengawening layang
b. Adangiyah : nelakake
unggah-ungguh sing nggawe layang/ salam pambuka
c. Isi (surasa basa) : nelakake apa bae sing perlu
dikabarake marang sing dikirimi
d. Panutup (wasana basa): nelakake panjurung kang
gegandhengan karo isining layang
e. Peprenah :
nelakake peprenahe sing ngirim layang
f. Asma terang : nelakake asmane sing kirim layang
g. Katerangan : nelakake
paraga kang melu ngarep-arep rawuhe tamu
4. Tuladha
B.
Layang Iber-iber (layang Pribadi)
1. Layang iber-iber yaiku layang kang
isine aweh pawara, katrangan, pitutur lan pamrayoga, darbe panyuwun sawijining
bab pandonga lan sapanunggalane saka wong enom marang wong tuwa utawa kosok
baline.
2. Manawa arep nggawe layang iber-iber
saora-orane ngemot perangan kaya ing ngisot iki:
a. Satata Basa : Alamat/ tujuane layang
b. Adangiyah : salam
pambuka
c. Pambuka : nelakake kabar
keslametan sing kirim lan pangarep-arep supaya sing dikirimi uga slamet
d. Isi (surasa basa) : nelakake apa bae kang perlu
dikabarake marang sing dikirimi
e. Panutup (wasana basa): nelakake panjurung sing
gegandhengan karo isining layang
f. Titimangsa : nelakake kapan layang
iku digawe
g. Peprenah : nelakake prenahe
sing kirim layang
h. Tapak asma : tandha tangan sing kirim layang
i. Asma terang : nelakake sapa sing kirim layang
3. Tuladha
C.
Layang Lelayu
1. Layang lelayu yaiku layang kang
isine ngabarake kesripahan marang sanak sedulur. Biasane layang lelayu iku
kapacak ana ing layang-layang kabar kang abasa Jawa kayata: Mekar Sari, Jaya
Baya, Djaka Lodang, lsp.
2. Perangane layang lelayu:
a. Purwaka
b. Kabar Lelayu
c. Wasana Basa
d. Pengirim
3.
Tuladha
D.
Layang Kitir
1. Layang Kitir yaiku layang kang isine
cekak tur aos. Kang ditulis ana ing layang kitir mung apa kang perlune wae.
2.
Tuladha
E.
Layang paturan
Layang Paturan yaiku layang sing dikirim andhahan marang
ndheduwuran. Tuladhane pak lurah ngabari
marang pak camat yen ing desane lagi ana garong, padudon, utawa kobongan.
F.
Layang Dhawuh
Layang dhawuh yaiku layang sing isine ndawuhi marang
andhahan. Tuladhane prentah marang
andhahan kon nglakokake pegawean.

0 Komentar:
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda